kang tapran

 inyong : Rika arep maring ndi kang wahyono?


kang  wahyono : arep nggone ko 


inyong : ya mbayuh inyong ya kebeneran arep balik



inyong : mbarah kueh sog njagong..

rika arep ngopi apa..?


kang wahyono : ya kena

biasa yah madan pait..


inyong : beres...

maaa...

punten gawekna kopi nggo raden mas kang wahyono

biasa ma..

madan pait..


bojo : iya..

bojone inyong semaur sg ruang keluarga 


inyong : kayong ana penting apa..?


kang wahyono : ya domong penting ya penting 

ora ya ora..


inyong : kayong mbingungi..

mbarah ana apasih..?


kang wahyono : kaya kiye..

wis olih pirang pirang dina anake inyong rewel terus..

ngang ngung ngang ngung bae pegaweane kaya tawon boyong


inyong : lah..

awake tah ora panas mbok..?


kang wahyono : domong kueh koh..

inyong kayong gemremet nemen..

wingi ahire tek gawa periksa

inyong malah kayong dipaido deng doktere

jere doktere ora kenang apa apa..


inyong : lah terus..?


kang wahyono: terus keprimen..

ya ahire mung dinei vitamin tok deng doktere..


inyong : apa bojone rika lagi ngisi maning..?


kang wahyono  : inyong ya sempet kepikiran kaya kue..

wingi ahire bojone tek priksakna sisan..

mbok bae lg ngisi 

jere doktere ya ora lagi ngisi..


inyong : apa ana sedulure rika apa sedulure yu tarini sg lagi susah kang wahyono..

ahire mbatin nyambat rika 

sg butule nyetrum maring anake rika..


bojo : monggo kang kopine...

bojone inyong nawakna kopi..


kang wahyono : iya suwun..


bojo : rika nesih madan sue apa kang wahyono kanda kandahan karo bapane caka..?


kang wahyono: ya mbuh kyeh..

keprimen sih..?


bojo : ora lagi ngusir kang wahyono

maksude inyong adong rika nesih madan sue tek gorengna bodin..

kaeh nesih ana bodin wis digodog 

gari nggoreng se ceosan ge mateng..



kang wahyono : wah cocok kueh...

sag seg mbarah tek enteni 


bojo : iya kang..


bojone inyong maring dapur.


inyong : kue keprimen kang wahyono rika wis nyoba telpon maring sedulure rika..



kang wahyono : lah kue tah ora perlu dicerita..

inyong bagena kaya kiye komunikasi karo keluarga kiye belih tau putus..

karo kakang karo adi karo pak de

pak lik sg bareng putu bareng buyut komunikasi kye tek jaga terus..

semono uga tarini ya tek arahna kaya kue..

supaya seduluran aja nganti kepaten obor..

aja nganti tukar karo sedulur 



ya apik kueh kang wahyono..

silaturahmi kye nyambung rejeki..

kue balik cerita maring anake rika..

mau maune keprimen..?


inyong kayong pengrasa ora ana apa apa yah..

gawe salah karo tangga ya ora

ibadah ya biasa ora ketang seminggu sepisan mbuh apa..

ya tek lakoni..


waduke...!!!


hahaha bener mbok..


ya bener sih bener kang wahyono..

kari bisa tah ya ibadaeh di imbuih aja mung seminggu sepisan tok..


apa pergantian cuaca yah..


mungkin bisa jadi kang..

yong arane fisike bocah kan beda beda..


bat bat sue temen sih bojone ko nggoreng bodine..


ya sabar kang...

lagi marung geni disit ndean..


marung geni wadukmu ambles..!!

kaya jaman jahiliyah bae masak nggo pawon..

mbok pawone dinggo nggo liwet tok kari awan

wengi wengi ketepusan marung geni sih najis temen..


pawone ya kadang dinggo kadang ora kang...

kari lagi wegah ketepusan ya masake nggo kompor..


ko ne ge sekarat nggo pawon ..!!


kaya rika ora nggo pawon..

yu tarini neng pegaweane ngresulah adong masak nggo pawon mbok..


hahaha..

ya kadang kala tok nganggo pawone..


ora let sue bojone inyong nyandingna bodin goreng..


kueh kang..

disambi mumpung nesih anget..


iya suwun ya..


mbayuh kang di gragoti..


gragoti wadukmu..!!


apa anu kang..

wingi wingi anake rika dolan maring endi..

sing madan janggla mbok bae cara wong kuna kye kesambet..


lah kiye sg lagi tek ira ira deng inyong..

apa bocah kue kesambet apa primen..


ya arane ikhtiar kang..

eh mbok bae dadi sabab musabab anake rika sehat kan sapa ngerti..


lah kiye tujuane inyong ngengkreg mene kiye ya kue..


maksude primen kang..!!

inyong kon nyuwuk anake rika..??

rika sehat tah sehat mbok..??


mengko disit ko aja giri mbiblik bae cocote..!!

inyong durung rampung..


iya keprimen mbarah..??


ko kan akrab karo gus kamal..

lah punten inyong njaluk tulung ko ngomong ng gus kamal..

maksude kaya kue...


oohhhh..

bisa bisa..

tek telpon saiki bae ya..

mbok wonge lg ora sibuk..


cocok kweh..



inyong : halo gusss..

ente ng ndi..?


guse : ngumah kyeh...


Inyong : punten rah..

mbok lagi ora sibuk inyong arep nggone ente bisa ora..

karo kang wahyono kyeh ana sedikit kepentingan..


guse : wis ora sah maring umah..

ngko inyong nggone ko..

inyong lagi ana bisnis kyeh..


inyong : jere ng umah..?

ente sebenere ng endi..??


guse : hahaha

ng umaeh wong kyeh..


inyong : dasar kucluk..

kiye kopine apa gus..??


guse : dong ana tah ya indocafe..


inyong : sag seg meluncur ya..

kopi ready...


guse : siap..!!



guse : assalamualaikum...


inyong & kang wahyono : waalaikumsalam..


inyong : mbarah ana bisnis apa sih..

mbok ya inyong di jek tapi sing modal abab terus upaeh madan lumayan..


guse : kaeh adol garangan..


bojo : kopine gus..

iya suwun yu..


guse : ana kepentingan apa sih..??

geneng kayong njanur gunung..

ana kang wahyono anapan...


inyong : ya mengko disit gus..

ngopi karo udud disit bae..

karo nggragoti bodin goreng..


guse : cocok kweh..


inyong : ayahanda sehat gus..?


guse : tiliki dewek mana

maring umah..


inyong : lah kiye sg dadi soal gus..

ilok nggone ayahanda nggawa rantam kosong..


guse : emange bapane njaluk dikirim deng ko apa..

ora mbok..??


inyong : ya ora kaya kue gus..

ilok tilik wong tua limbean tangan..

kayong belih patut belih apa...

wis ngesuk mbuh mben insa alloh tilik mana gus..

karo arep njaluk pring petuk..


guse : ko tah santri kucluk temenanan..


inyong : kaya kiye gus..

inyong arep njaluk tulung ng ente..

tapi sedurunge njaluk ngampura sing akeh..

aja dadi penggalih..

aja dadi kemakruhan..



guse : kayong belih beres kyeh...


inyong : temenan gus..

kiye kang wahyono lagi kena kesripahan..

kena kesusahan..

maksud dan tujuane inyong ya arep njaluk tulung ng ente gus..


guse : madan ruwet kyeh..

jan jane ana apa..


inyong : kue gus..

mengko wengi nomer hongkong sg metu pira...???


guse : kucluukkk...!!!

wis ping kopang kaping ko nipu alus inyong..!!

nesih mayan inyong percaya karo ko..!!

bagen ngko tek tuturna bapane..


inyong : Wkwkwk 

los mana..

kueh rika ngomong dewek kang..!!


kang wahyono : kaya kiye gus..

sedurunge njaluk ngampura

kue anake inyong wis pirang pirang dina ngak nguk ngak nguk bae..

wis tek periksakna ng dokter 

ya ora papa jere doktere tah..


guse : yu tarini lg ngisi maning ndean kang..


kang wahyono : ora koh gus..

wingi periksa bareng karo anak 

jere doktere ya ora lg ngisi..


inyong : apa mengko ditiliki bae gus bocaeh..

eh mbok menawa ketekan ente ana rubaeh..


guse : kaya kue ya kena..

mengko madan wengi setitik ya..


inyong : primen kang wahyono..?


kang wahyono : bodoa inyong tah manut..


inyong : nesih sore ikih mengko nilikine jam 11 an mbuh apa

ente langka acara mbok gus..?


guse : langka

mben sore tah ya ana acara 


inyong : ya wis medang medang disit..



~ndopok ngalor ngidul ngetan ngulon temekang jam tengah 12~


guse: wis mbarah mbayuh nggone rika kang wahyono...


kang wahyono: mbayuh...


guse : ko melu mbok?


inyong  : kaya kue ya kena gus..

motore ente tinggal ng kene bae mbok gus..

apa arep si gawa


guse : wis gawa bae lah


inyong karo kang wahyono mlaku bae ya gus..


ya..


tekan umaeh kang wahyono 

monggo mlebu gus..



iya kang...



arep ngopi apa..?


guse : ora sah kang banyu putih bae..


inyong : ya kang wahyono banyu putih  bae..



guse : kang rika durung masang stb ya ( set top box )


kang wahyono : durung gus..

primen sih..??


guse : wis kaya kiye bae kang..

ngesuk rika maring bumiayu

tuku stb karo celana komprang ukurane sg madan gede 

karo kue kang daster sg warna abu abu ng lemarine yu tarini punten dijikot 


kang wahyono : iya gus..

kyeh gus dastere


inyong : ng umah ana stb nganggur kang..

ngesuk dijikot ya kena dipasang ng kene


kang wahyono : ora denggo deng ko nong..


inyong : domong kueh koh kang inyong ngengkreg maring bumiayu tuku stb jebule bojo wis pesen ng toko onlen ya ahire duwe 2 stb ne..


guse : kebenaran kweh..

rika ngesuk nyelakna sedela maring bumiayu tuku celana komprang ya..

karo kaos apa kemeja sing ukurane madan gede ya kang

terus dijujugna maring umah ya..

sorean kang wahyono maring umaeh bar asar dadi inyong ng umah..


kang wahyono : iya gus ngesuk tek selakna 

ko ora sibuk mbok ngesuk ..??


inyong : ora kang..

ngesuk masang stb ne tek rewangi..


guse : ya wis kaya kue bae ya kang..

inyong tek pamit disit...


kang wahyono: iya gus..

suwun ya..


guse : ayaeh caka ng kene disit mbok..??


inyong : ayah ayah..

ngko gus lah inyong balike kye nata kabel disit ben ngesuk gari masang stb tok..


guse : ya wis ya


inyong : ya gus..

matur nuwun kyeh..


guse : ya pada pada..


kang wahyono : geneng guse ngerti yah bojone inyong due daster warna abu abu padahal kue daster ora tau denggo yong anu nesih anyar..


inyong : mbuh kueh kang...

inyong dewek ya gumun bisane guse ngerti daster warna abu abu nganti kayong rinci


kayong madan jadug yah guse..


ya arane ge anake kyai kang..

sapa ngerti due kelewihan sg inyong karo rika ora ndueni..

kye kabel wis nata ikih ya kang...

ngesuk kur gari nyambung sg maring tv


iya...


wis inyong tek pamit disit..

wis jam 1 koh...


iya ..

suwun ya...


ya pada pada kang...



                   esuke

Chat wa


kang wahyono : ko ng ndi..?


inyong : q ng tuguran kang..

primen sih..?


kue stb ne ndi..?

arep tek pasang


ng umah kang...

inyong wis ngomong karo bojo ikih

rika maring umah bae..


ok..



              lubar isya


ko ng ndi..??


umah kang...


mene rah..

karo kue gus kamal d telpon sisan


ya..



inyong meluncur maring umaeh kang wahyono..


lah guse endi..?


mengko kang jam 8 an..

q wis telpon wonge arep maring taraban sedela..

mengko balik sg taraban mampir mene..


oh..

ya wis kari kaya kue tah..


celana karo kaose wis dijujugna kang..


wis mau bar asar..

mbuh ukurane cocok mbuh ora..

mudah mudahan sih cocok..

ko arep ngopi apa...??


boleh kang..




assalamualaikum...


waalaikumsalam...


monggo gus...


guse : wah tvne wis ana gambare kang...


iya gus..

kueh gus kopine..


iya suwun kang...



inyong : kye primen gus...

beres mbok..?


guse : insya alloh beres..


inyong : kayong wis deal ya..

permasalahane anake kang wahyono..


guse : ya mudah mudahan bae..

sing kene ngarep anake kang wahyono ora rewel maning..


kang wahyono : alhamdulillah gus..

awit magrib mau ora ngang ngung ngang ngung bae gus...


guse : bocaeh ndi kang..


lagi metu gus..

tuku jajan


inyong : ana masalah apa sih gus sebenere karo anake kang wahyono..

ilok tvne ana gambare anake kang wahyono dadi sehat.?

kayong ora tinemu akal..


guse : ya ora ana apa apa mungkin anake kang wahyono mung butuh hiburan tok..


inyong : kan ana hp gus..


guse : ya ndean sing momong anake kang wahyono sg butuh hiburan..


inyong : oohhhh..

sing lanang wadon apa gus..

sing butuh hiburan..


guse : hehehe...

iya...

biasane bar isya kue wong loro mau ndeleng tv

lah ndilalah tvne kan langka gambare..

arep ngomong ng kang wahyono apa yu tarini ora bisa..

ya ahire nggoda anake...


kang wahyono : tapi kue ora bahaya gus..


guse : bahaya keprimen kang..?


ya mbok mbesuk mbuh mben nggoda maning gus..


guse : insa alloh ora kang..

wong rika gawe umah ng kene ya mbongkar umaeh wong loro mau..

ora poyan ora apa..

wit nangka sing nggo pranti ngiyup nggo yun yunan nggo turu ditebang deng rika nggo gawe kusen..

ya ahire wong loro mau ngiyupe ng umaeg rika lah...


kang wahyono : idihhh gus..

jan inyong ya ora ndueni keniatan ala gus..

yong arane inyong pengin due gubug dewek ya ahire nebang wit nangka mau gus..

inyong ya ora ndueni keniatan mbongkar umaeh wong loro mau gus..


guse : wis ora papa kang wahyono..

yong arane wong ora ngerti..

insa alloh sing kene ngarep 

rika bojo karo anak insa alloh ora di ganggu maning..

toli adong bisa tah rika kari ngadep gusti alloh aja mung seminggu sepisan tok..

ya madan di imbuih..

magrib isa dong bisa tah ya jama'ah

langgare perek ikih..

anak bojo di jek kang..


inyong : ora ina gus..

wis  tek omongi bolak balik gus..



kang wahyono : hehehe iya gus...


_yu tarini karo anake kang wahyono teka_


assalamualaikum..


waalaikumsalam 


yu tarini: eehhhh ana njenengan gus..


iya yu..

primen kue bocaeh wis ora rewel..?


yu tarini : alhamdulillah gus..

awit magrib mau ora rewel..


ya syukurlah..

karo inyong njaluk tulung ya yu..

kue ruang keluarga adong arep disapu apa di pel aja wengi wengi yu..

kari nyapu karo ngepel awan bae..

dong bisa ya sedurunge asar wis bersihan yu..



iya gus..


kang wahyono : padahal wis tek omongi bolak balik gus..


guse : yong arane ge wong wadon kang..

pegawean ng umah kue ora ana rampunge..

ana bae sg dicekel..

wis ora susah paida paido maring wong wadon 

sing akur yong arane ge wong rumah tangga..

sing penting sing kene maring ngarep rumah tangga ne kang wahyono karo yu tarini adem ayem


aminn..


inyong : mbarah gus..

kue katok komprang karo daster nggo sapa..?


guse : wis lah ente ora perlu tau..


kang wahyono : iya gus..

terus terang inyong madan heran bisane ente ngerti bojone inyong due daster warna abu abu

padahal daster kue mau wong lia langka sg ngerti..


guse : halah..

inyong kur nebak tok kang..

ndilalah bener..


kang wahyono : ora mungkin gus..

daster kue mau anu wis banget lawase..

ora tau dinggo deng bojo yong anu gawan..

jere bojo nggo kenang kenangan 

inyong nukokna daster kue jamane lagi nesih pacaran gus..


guse : rika lila tah lila mbok dastere di jaluk..


kang wahyono : apa maning sih daster gus..

mbok wedus dijaluk ge inyong lila

sing penting anake inyong diparingi sehat gus..


guse : kaya kiye kang wahyono..

daster karo celana komprang kue mau tek nekna wong sing maune manggon ning wit nangka

lanang wadon koh kolar kaler wuda blijing..

mbari nonton sinetron..


kang wahyono : ohhhh...

lah wong loro kue mau wis nganggo klambi berarti gus..

saiki wonge lagi ng endi..??


guse : nonton tv kang..


kang wahyono : ngampura gus..

kue wong loro mau wiyagaeh ora nganggu keluargane inyong maning gus..


guse : insya alloh ora kang...

wong loro kue mau wis jangji

insa alloh janjine ditepati..



kang wahyono : ngampurane ya gus..

misale wong loro kue mau dipindah kira kira bisa ora gus..


guse : kaya kiye kang wahyono...

wong loro kue mau lewih disit manggon ng kene..

justru rika sg ngrusak umaeh wong loro kue mau..

ilok umaeh wis dirusak diusir sisan..

kan melas kang wahyono...


kang wahyono: dih iya yah gus..

kayong kejem nemen..

wis bagenlah gus.. 

manggon ng kene ya ora papa sg penting gelem guyub rukun karo keluargane inyong...


guse : nahhh

kaya kue kan adem kang..

brayan brayan urip..


inyong : gus berarti wong loro kue mau ya kaya menungsa yah..

seneng ndeleng sinetron..

mbarah kue gus ditakokna...

iklan kesenengane wongloro kue mau  apa...??

hahaha


guse : wadukmu..!!


inyong : ya sapa ngerti wong loro kue mau seneng iklan sirup marjan gus..



guse : hahaha..

ya ora lah

wis kaya kue bae ya..

inyong tek pamit disit..

ndilalah ana acara maning kyeh..

dong malem selasa tah tek batiri anjog porong porong..


ya gus..

matur nuwun kyeh..


iya pada pada kang...


kang wahyono : ko balike mengko mbok..


inyong : iya kang..


kopine nambah apa..?


ora lah....

wis ngentekna kye bae kang..

Bersambung.....

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

sekoteng

Bulu ayam dan sunat