kang tapran
inyong : Rika arep maring ndi kang wahyono? kang wahyono : arep nggone ko inyong : ya mbayuh inyong ya kebeneran arep balik inyong : mbarah kueh sog njagong.. rika arep ngopi apa..? kang wahyono : ya kena biasa yah madan pait.. inyong : beres... maaa... punten gawekna kopi nggo raden mas kang wahyono biasa ma.. madan pait.. bojo : iya.. bojone inyong semaur sg ruang keluarga inyong : kayong ana penting apa..? kang wahyono : ya domong penting ya penting ora ya ora.. inyong : kayong mbingungi.. mbarah ana apasih..? kang wahyono : kaya kiye.. wis olih pirang pirang dina anake inyong rewel terus.. ngang ngung ngang ngung bae pegaweane kaya tawon boyong inyong : lah.. awake tah ora panas mbok..? kang wahyono : domong kueh koh.. inyong kayong gemremet nemen.. wingi ahire tek gawa periksa inyong malah kayong dipaido deng doktere jere doktere ora kenang apa apa.. inyong : lah terus..? kang wahyono: terus keprimen.. ya ahire mung dinei vitamin tok deng doktere.. iny...